Thursday, March 20, 2008

^@^ RENGENGAN ^@^



Tak...leloooo...lelo lelo ledhung...
Duh anak koe...kang ono ning kampung.
Tak pujo.... dadio wong agung....
Ngenengke...tangis kang keduhung.....
Nduk.......
Anak ku wedok sing ginuk ginuk...
Iki ibumu lagi lumpuk lumpuk.....
Mengko yen wes nglumpuk sak tekrok.
Bakal tak bruk ne mak bruuukkk....
Keno ngge masa depanmu mbesuk.

Nggerr.........
Anak ku lanang sing bagus dewe sak rt.
Ora pareng nakal,ben ra ngentekne lambe...
Iki ibumu lagi megawe,ngge kowe lan mbisuk e..
Didongakke,amrih seger waras,kuat slamet leh e megawe.
Ben ndang mulih,kumpul koyo mbiyen kae....duuuhhh...senenge.
Nduk...... lee......
Ibu ndongo rino klawan wengi kangge kowe...
Mugo dadio wong kang utomo...
Iso ngangkat derajate kluargo...
Miguno nggo Negoro lan Bongso...
Dadi pangayomane wong cilik kang rekoso...
Mugi Gusthi kang Moho Kuoso....
Mirengke panyuwune ibu kang tansah dedongo

Wes cup menengo anak ku...
Kae wulane ndadari....
Nembango..klangenane ati..
Keno nggo tombo kesele ibumu...
Sumilire angin,bakal ngirimke lelagonmu nggo ibu..
Kang tansah kelingan sliramu,nganti kagowo turu.............

1 comment:

Anonymous said...

Jadi kelingan waktu masih kecil dulu, ibu slalu nembang Tak...leloooo...lelo lelo ledhung...

Semoga putra putri kita nantinya bisa memiliki derajat lebih di mata masyarakat jg negara dan yg penting kepada penciptanya. Bener... kelingan lagu tersebut sampai mikir nih.