Wednesday, November 21, 2007

)@( ACHH... SUSAH )@(




Aduh biyung mbah... mbah.
Kok raeleng utang,aku wes gyah tambah.
Salah sembarang gawean serba salah....
Peane yo sik kakehan polah.

Opo-opo digebyah uyah.
Ati wes jubeg,nambah-nambahi susah.
Kok koyo wong ngomah... ngertine gur nunggu jatah.
Ora mikirne piye olehku polah...
Sirah tak ngge sikel,sikel tak ngge sirah....
Njungkir walik,pethakilan hura nggenah....
Walah... walah... walaaaahhh........
Susaaaaaaaaah..... mbaaaaaaahhh.

Aduh biyung nyaaaaah.... nyah.
Omah kok koyo kapal pecah......
Barang-barang pateng slengkrah....
Persis tempat pemukiman sampah.
Duwe lambe kandel,gembreneng kok yo cik betah.
Dirungokne kok koyo grombolane lebah....
Kupingku sing nggatekne wae,nganti rumongso gerah.
Mungkin pancen nasib tkw lagi payah.
Tapi aneh........... kabeh kok yo betah.
Ora obah... ragelem ngalah.... pasrah.
Golek duwet susah,sing dituku yo barang sing ra nggenah...
Opo ngguhno raeleng ngomah.....
Nek dipikir.... kok podho karo si mbah.
Sssssssssttttt.............. kakehan polah !!!
Waiyaaaaaaaahhhhh.........payah.
Walah... walah... walaaaahh.....susah ach!!!


Baca selengkapnya......

~$~ UTANG ~$~







Yak opo rek....urip kok nggrangsang.
Nyambut gawe seprono seprene,sik panggah kurang.
Salah oleh prei arang-arang....
Mbayare kurang,nek mbayar di enggang-enggang.
Tangi turu,wes diseneni...
Nyandak gawean,yo sik didongengi.....
Opo maneh iso ndelok tivi.... durung nglirek,wes dipateni.
Kok yoo becik.... nasib tkw iki...
Awak kesel,raenek sing mijeti...
Saben dino....diungkrengi,diprenguti,dipethuthuti..
Untung-untungan ratak ledeni,ratak lebokne ati,ratak entuti.

Opo maneh sing aran bobo alias si mbah...
Sak hongkong koyo-koyo di gebyah uyah....
Sembarang gawean jare sik salah......
Mencak-mencak ora nggenah.
Njelalah kersaning Gusthi Allah......
Nggeblak mlumah ngaplah-ngaplah....
Olala.....mbah...... mbahhh......
Njalokmu pow kudu di sembah............

Lek dipikir..... penak wong lanang.
Duduk manis karo ongkang-ongkang.
Nek di tilpun.... kon gage kirim uang....
Opo rangerti,nek bayarane iki ulanan....
Sing dikirim wingi kae yo duwet utangan...
Ora mek thithik,malah sak gudang.....
Mbok melu mikir tho kaaaannggg......kang.

Bojomu iki,dudu perancang.
Sekali nggambar.... jadilah uang.
lalu cepet-cepet dikirim pulang.....
Njleketheeekkk....ko ngomah,mbok ngge nyaur utang.
Waduh....aduh-aduh kaaaaaannng..... bojoku lanang.
Karep ati se... pingin ndang-ndang pulang kandang.
Turu kelonan sambil bergoyang, berdendang riang...
Pow iso kelakon,nek sik terus nanggung utang .

Lha iyo tho rek...... nasib kok soro.
Nang negorone tonggo.... keloro-loro..
Yoo...h...rapopo..... legowo
Sing penteng,nggolek upo,ra nggolek doso
Iman lan taqwo marang sing Kuoso...
Mugo-mugo mbesuk klebuo swargo....
Maaaaaaaaaaaaaakkkk.......!!!,dongakno yoo anak riko... !!!

Baca selengkapnya......

Tuesday, November 20, 2007

@ ATURE SI MBAH @



Kerjo sing sethithi...
Nyekel duwit,sing ngathi ati.
Yen ora ngerti,.......
Yo ojo njur di elok i ,
Amargo gethun iku,panggone ning mburi.

Urip ning paran,hura ono sing ngelekne...
Mulo,ayo sing rukun karo konco kancane.
Rame ning gawe,ojo rame ning lambe....
Bene gak gethun tembe mburine......

Elingo,tujuanmu mbiyen....rene nyapo....
Jare nggolek rejeki,di nggo kluargo..
Gawe sangu nek wes tuwo.....
Soro dhisek,yo ra popo tho yoooo.......
Mbesuk nek sugih,sing dwe yo sopo.......mikiro thooooo.

Mulo saiki,kowe kabeh bodho tangio.....
Olehmu keloro_loro,lumpokno....
Dadekno...ono ing ndeso.
Kowe mulih,koyo mlebu swargo donyo.......
wuachhh....... hura nyono-nyono.

Tahune wes kate entek.....
Kowe tambah umur tambah tuwek.....elek.
Lha opo kateteruuuuuus...ae melu singkek...
Jare si mbah,penak mulih nang ndesone dewek....
Tengok-tengok karo ngitung swarane tekek...
Thok..othok...othok..... tekek ... sugih

Thok..othok...othok..... tekek ... ngelih

Thok..othok...othok..... tekek ... gurih
Thok..othok...othok..... tekek ... gereh
Thok..othok...othok..... tekek ... saree...
Thok.... ot.. thok... ot... out.... zzzttsss..........
Zzzzz......zzz.....krrhhss.... zztss... sssssstt!!!

Baca selengkapnya......

Tuesday, November 13, 2007

@~ KETERTIBAN PAK DHE IMIGRASI ~@







Rek... mrinio tak kandani.
Kowe lan aku iki dulur sinorowedhi.
Nek bapak e Soeharto,ibune.. Megawati...
Dadi... sing keno ditotho.. yo sing manut dikandani.
Lek mbuang sampah,ojo sak ngendhi endhi.
Amergo di kunthit pak dhe Imigrasi.....
Ora percoyo....?? jajalen saiki..............
Setengah wulan bayaranmu mbabu,dijalok gae ganthi.

Duwet ngunu ra garek nyarok.
Kerjo klemperrrr.... raiso tengok-tengok..
Juragan kumat porek,sembarang dikeprok.
Atimu ketheeerrrr.... isamu gur manthuk-manthuk.
Ooo....walahhh.....reeeekkkk.........rek.
Kok sik penak bakul gethuk.
Lungguh tengok-tengok,sing tuku sak tekrok.
Bathi wes nglumpok,awak kesel... turu yo enthuk...
Kasur empuk.... duwet nyepuk.... bodi mblegug....
Teklaaaak.... tekluuuuuuk......
Monthaaaaaakkk...... manthuuuukk.....
Ruh-ruh wes esuk............???

Baca selengkapnya......

Friday, November 9, 2007

@ PEREMPUAN @

PORO KAWULO ALIT,KANG TANSAH KECEPIT LAN NGINDIT NGEMPIT ROSO KANG NYEKIT.......
WANITO KANG UTOMO,MANUT DITHOTHO LAN NERIMO PANDUME KANG MOHO KUWOSO...

HAYUUUU......CANCUT TALI WONDHO...
MBANGUN ROSO LAN MARTABATE WANITO...
OJO WEDHI GODHO...OJO WEDHI COBO..OJO WEDI KANGELAN.
NYUWUN DUMATENG GUSTHI KANG MURBEHING DUMADI,MUGI PEPARING LAMPAH
PANGABEKTHI...NUJU MULYO KANG SEJATI...

SEJATINE URIP....
DUDU BONDHO,DUDU DONYO,DUDU RUPO,DUDU BUSONO...
UGO DUDU GEMERLAPE NDONYO......
ANANGING BUDHI PEKERTI KANG BECIK...
TUMPRAP KANG APIK,ATI KANG RESIK....
DI SONGGO DENENG IMAN LAN KEJUJURAN....
BEKTHI LAN LEGAWAN....
IKU KANG BAKAL NUNTUN MANUNGSO NUJU KAMULYANING URIP...
ING NDONYO LAN AKHIRAT MBISUK E..........SUMONGGO.

Baca selengkapnya......

*^* WANITA DI ZAMAN EDAN *^*

Baca selengkapnya......

@ KUCOBA MELANGKAH LAGIE @


Aku begitu bangga dengan segala keberhasilan...
Banggalah dengan hasil keringatmu sendiri........
Melangkahlah dengan kakimu sendiri......
Berfikirlah akan segala resiko yg ada.........
Semua peristiwa ada hikmahnya...
Kegagalan adalah cermin retak yang tak patut dipakai berkaca.
Tapi baik untuk di pelajari.....dijadikan cambuk utk melecut diri sendiri.
Percaya diri....melangkah menuju matahari.....dengan langkah pasti.
Tatap mentari disetiap pagie.....agar diri cerah secerah sinarnya kala menjilat bumi.

Baca selengkapnya......