Wednesday, November 21, 2007

)@( ACHH... SUSAH )@(




Aduh biyung mbah... mbah.
Kok raeleng utang,aku wes gyah tambah.
Salah sembarang gawean serba salah....
Peane yo sik kakehan polah.

Opo-opo digebyah uyah.
Ati wes jubeg,nambah-nambahi susah.
Kok koyo wong ngomah... ngertine gur nunggu jatah.
Ora mikirne piye olehku polah...
Sirah tak ngge sikel,sikel tak ngge sirah....
Njungkir walik,pethakilan hura nggenah....
Walah... walah... walaaaahhh........
Susaaaaaaaaah..... mbaaaaaaahhh.

Aduh biyung nyaaaaah.... nyah.
Omah kok koyo kapal pecah......
Barang-barang pateng slengkrah....
Persis tempat pemukiman sampah.
Duwe lambe kandel,gembreneng kok yo cik betah.
Dirungokne kok koyo grombolane lebah....
Kupingku sing nggatekne wae,nganti rumongso gerah.
Mungkin pancen nasib tkw lagi payah.
Tapi aneh........... kabeh kok yo betah.
Ora obah... ragelem ngalah.... pasrah.
Golek duwet susah,sing dituku yo barang sing ra nggenah...
Opo ngguhno raeleng ngomah.....
Nek dipikir.... kok podho karo si mbah.
Sssssssssttttt.............. kakehan polah !!!
Waiyaaaaaaaahhhhh.........payah.
Walah... walah... walaaaahh.....susah ach!!!


Baca selengkapnya......

~$~ UTANG ~$~







Yak opo rek....urip kok nggrangsang.
Nyambut gawe seprono seprene,sik panggah kurang.
Salah oleh prei arang-arang....
Mbayare kurang,nek mbayar di enggang-enggang.
Tangi turu,wes diseneni...
Nyandak gawean,yo sik didongengi.....
Opo maneh iso ndelok tivi.... durung nglirek,wes dipateni.
Kok yoo becik.... nasib tkw iki...
Awak kesel,raenek sing mijeti...
Saben dino....diungkrengi,diprenguti,dipethuthuti..
Untung-untungan ratak ledeni,ratak lebokne ati,ratak entuti.

Opo maneh sing aran bobo alias si mbah...
Sak hongkong koyo-koyo di gebyah uyah....
Sembarang gawean jare sik salah......
Mencak-mencak ora nggenah.
Njelalah kersaning Gusthi Allah......
Nggeblak mlumah ngaplah-ngaplah....
Olala.....mbah...... mbahhh......
Njalokmu pow kudu di sembah............

Lek dipikir..... penak wong lanang.
Duduk manis karo ongkang-ongkang.
Nek di tilpun.... kon gage kirim uang....
Opo rangerti,nek bayarane iki ulanan....
Sing dikirim wingi kae yo duwet utangan...
Ora mek thithik,malah sak gudang.....
Mbok melu mikir tho kaaaannggg......kang.

Bojomu iki,dudu perancang.
Sekali nggambar.... jadilah uang.
lalu cepet-cepet dikirim pulang.....
Njleketheeekkk....ko ngomah,mbok ngge nyaur utang.
Waduh....aduh-aduh kaaaaaannng..... bojoku lanang.
Karep ati se... pingin ndang-ndang pulang kandang.
Turu kelonan sambil bergoyang, berdendang riang...
Pow iso kelakon,nek sik terus nanggung utang .

Lha iyo tho rek...... nasib kok soro.
Nang negorone tonggo.... keloro-loro..
Yoo...h...rapopo..... legowo
Sing penteng,nggolek upo,ra nggolek doso
Iman lan taqwo marang sing Kuoso...
Mugo-mugo mbesuk klebuo swargo....
Maaaaaaaaaaaaaakkkk.......!!!,dongakno yoo anak riko... !!!

Baca selengkapnya......