Tuesday, April 21, 2009

T R E N Y U H

Kumedepe moto mbuyarne lamunan sauntoro...
Tremesepe angin ngili ili balung kabungkus daging garing...
Wengi kang sepi nuntun pikiran memburi mangawi awi...

Kahanan...
Ngobah polah bopo kepradah...
Ati tumancep patraping bocah mothah...
Tangiseng ati nggugah welas kanti tandas...

Lelakon...
Ora koyo dene Damar Wulan..
Ora ugo koyo Pronocitro...
Lakone urip lumaku mribit mangambit embit..

Tangise lungkruh ngayuh peluh sak kedung..
Playune nrujung kasandung sandung...
Sambate melung melung marang Bopo kang Agung...

Duh Gusthi kang Murbehing Dumadi...
Kapan biso mentas soko kahanan niki...
Kawulo Moe nandang wuyung keduwung...
Anglampahi urip kang tansah lungkruh ing peluh...

Baca selengkapnya......